Rabu, 20 September 2017

MASKUMAMBANG dan PRING WULUNG (GURIT BANYUMASAN)


MASKUMAMBANG

            Kelek- kelek
            Biyung sira aneng ngendi
            Enggal tulungana
            Anakmu kecemplung warih
            Gelagepan wus meh pejah

Duhhhh....Gusti
Semanten awratipun sesanggan gesang ikang kedah kula tampi
Kula namung manungsa wantah ingkang mboten kuwawa ngadepi pacobaning agesang
Kula nyuwun pangayoman
Kula nyuwunkawelasan
Gusti








PRING WULUNG

Nadyan ireng rupane
Nanging manis sawangane
Nadyan gatel lugute
Nanging kenceng cekelane
            Pring wulung
            Kena kanggo tetulung
            Maring wong sing lagi kecingkrangan
            Lan sapa bae sing nandang kacintrakan
Wujude ireng
Ning gedhe pigunane
Kena kanggo gawe plupuh uga suluh
Kena kanggo gawe korsi sing edi tur peni
            Pring wulung
            Sedapur mung pirang ler
            Kwe ngemu surasa “ wong urip aja ninggal wewaler “


0 komentar: