Rabu, 20 September 2017

JAKA LILUR KEBLINGER (GURIT BANYUMASAN)


Embuh wis pirang tahun
Jeneng Jaka Lilur ilang sekang pabaratan
Kayadene ilang diuntal bumi
Tanpa tilas
Tanpa pepoyan
            Jare kanca kenthele
            Jaka Lilur niat garep mbuwang sial
            Lunga separan-paran ninggal bumi kelahirane
            Sing rumangsa wes digawe kucem awit sekang polahe
            Lungane pancen nganggo sesideman
            Ora ana sing weruh ....ora ana sing ngerti
Lakune nasak alas ri bebandhotan
Ngulon parane
Adoh.......adoh....... tansaya..... adoh .
Gegrumbulan sek kulone desa ilang sekang pandeleng
Atine pancen wis gembleng
Ninggal lacak sing tanpa tilas
            Jagad sing gumelar jebul ora amba
            Embuh wis pirang ndina...pirang wulan
Ngone ngetutna sikil adoh sekang ndangkane
            Tanpa  kinaya
            Nang papan anyar malah ketemu bala
            Ibarate tumbu olih tutup
Jaka Lilur sing asale sekang ndesa
Di uja ngombe bir sak katoge
Jare minangka pakurmatan kanggo kanca lawas sing ora tau ketemu
Jaka lilur mongkog atine keturutan senenge
            Saya dina ......
            Jaka lilur saya ndadra .....
            Ora mung bir ...ramuan..... lan pil koplo bae
            Nanging candu lan sabu wis dadi panganan saben ndinane
            Awak sak kojur kebek tatto
            Dada gambare naga
            Gigir endas singa awake buta
            Jan... Jaka Lilurrrr.....Jaka Lilur .
Kocap kacarita
Jaka Lilur sekiyen malik rupa
Raga sing gemiyen pideksa
Siki mung gari balung karo kulit
Mata nang aring nggerongan raga mung gari cengkorongan
Ambegkane nyendal-nyendal
Dhadha mubal-mubal
            Jaka Lilur tanpa daya
            Dadi kembang amben sek lawase
            Tangis ngaruara biyunge .....
            Lilur......Lilur..........kon ....anak sing tek dama-dama
            Kena nggo njejegna jangkahku  sing wes ora tumama
            Jebulen  malah kaya kiyen kedadeyane
Ujare ngakeh
Lilur kena HIV
Mula tangga teparone ora ana sing gelem cawe-cawe
Mayite bae ora olih dikubur nang aring ndesane
 Duh...... kayangapa nlangsane biyunge
Lilur......Lilur...........
Garep tek gawa ngendi kiye ?????????.........

0 komentar: